Total Pageviews

Sunday, February 20, 2011

GURIT USING: K E P I L I S

Bang-bang kulon srengenge surup
Sekehe kalong, lowo, lan codot kuntup-kuntup
Lengsere srengenge semburat abang ring langit
Sopo hang arep ngawase matenge wowohan ring uwit

Kewan hang nggelantung podo rebut bucung
Endi hang mateng wis diambus aju disaut
Peteng sintru wahaye wong-wong podho turu
Ojo seru dirandu riko arep ngunduh jambu

Srengenge melthek gemelar woh-wohan podo tatu
Ono hang bundas mergo ketebluk ring nduwure watu
Ugo ono hang rosak kecokot untu
Moto mendelik arep ngomong sing kewetu

Surabaya, 17 Pebruari 1011

No comments:

Post a Comment