Total Pageviews

Sunday, February 20, 2011

REBONDING SEBELUM SHOLAT

Man Haji Soleman seru senenge, weruh anak lanang hang kuliah nang IAIN Suroboyo mulih. Paran maning ndeleng dadandane, nggaRari Man Aji Soleman rodok gawok. Bengen budal nang Suroboyo rambute brintik, gok iki salin dadi “lurus”  (keceng), klimis lan gemilap pisan.


“Kari berahi rambut siro saiki Lik? “ takone Man Aji nang anak lanange hang aran Sonhaji.
“Nggih Pak, kersane katon rapi. Ketang kulo diwadani kalih konco, terose rambut kulo jibros koyo gundoruwo”, sambate Sonhaji nang Bapake hang during ilang gawoke.
“Isun setuju Lik, kadung koyo saiki. Masalahe iku, bengen kan britik kok biso dadi koyo gedigi iki diapakene?” dedese Man Aji Soleman nang Sohaji.
“Niki namine direbonding Pak”, jare Sonhaji.
“Paran maning iku Lik? Siro iki serto nang Kutho omongane aneh-aneh. Sak weruh isun, kadung rambut keceng dibrintikaken, iku arane dikrun utowo dikrul Lik. Malah Embok-embok siro bengen kadung kadung arep nggawe rambute brintik nggawe ganggange godong waru. Ha ha ha ….” Guyune Man Aji ambi ngakak kadung ngiling-iling jaman bengen.
“Bapak niki sageh mawon. Direbonding niku artine nggih dikencengaken utowo dilurusaken”, jare Sonhaji njelasaken nang Bapak’e.
“ Oh gedigu? Dadi arane direbodning yo Lik?. Eh siro mau wis sembayang tah, ayo jamaan nang langgar, iku wis dienteni wong-wong”, ajake Man Aji nang anak hang durung sempat ditawani mangan.

Anak ambi Bapak mau, aju melebu nang Langgar hang sing adoh teko omahe. Ning kono jamaah hang ugo dulur lan tanggane dewek, wis ngeteni Man Aji Soleman hang biasa dadipuk  imam sembayang jamaah.

“Dulur-dulu poro jamaah sedoyo, sak derengen sholat Magrib jamaah dimulai, monggo shaf utowo barisan hang ngarep diebeki sulung. Marek iku aju direbonding..!!”, penjaluke Man Aji nang poro jamaah.
“Paran maning Man Aji iki? Angger onok anake teko kutho, mesti istilahe anyar-anyar” gerundele salah siji jamaah hang aran Man Sapuwan.
“Ayo roh dulur, makne cepet aju sembayange dimulai..!!”, jaluke Man Aji mbaleni,  serto weruh jamaah nono hang ngerti paran hang dikarepne.
“Nopo sih Man Aji, sholat kathik direbonding, celethuke Man Sapuwan keroso sing tahan.
“Wan, direbonding iku dikencengaken. Dadi shaf’e, gage kencengne utowo dilurusaken kadung wis ebek. Kadung sing poercoyo, takono tah nang Sonhaji hang Mahasiswa iku” jare Man Aji Soleman njelasaken nang Man Sapuwan.

Sonhaji hang ono shaf mburi, rungu wong Bapake ambi Man Sapuwan hang hing liyo magih paman dewek iku rodok isin, taping yo sing kuwat ngempet kudu gemuyu kepingkel-pingkel.......

No comments:

Post a Comment